Javanese beliefs (Kebatinan or Kejawen) have principles embodying a "search for inner self" but at the core is the concept of Peace Of Mind. Although Kejawen is a religious category(Agama), it addresses ethical and spiritual values as inspired by Javanese tradition. That can as religion in usual sense of the world, like Christianity, Judaism, Budha or Islam. Kejawen adalah Agama Jawa yang di Ajarkan dalam Budaya Jawa yang di sebut Kejawen. Kawruh kejawen. Ilmu Kejawen, Agama Kejawen

POP UP

Mas Tamvan on Facebook!

Cipta Sejati, Rasa Sejati, lan Sukma Sejati

"Agama ageming aji" sing banjur nyinggung babagan Cipta Jati – Rasa Jati lan munggahe marang Sukma Sejati iku klebu kawruh sing sinengker. Pancene mono iya mangkono, wacana ciptasejati tumekane sukma sejati mlebu ing babagan teologi Panekunan Aliran Kepercayaan Jawa.
Nanging perlu uga dimangerteni menawa Panekunan Jawa iku alirane akeh. Mangka ing antarane siji lan sijine ana prabedane.
Mula banjur ewuh aya anggone para-parakang winasis arsa paring komentar. Salah-salah marahi dredah lan bisa diarani klenik lho !

Ora kok arep kemlunthu utawa pamer kawruh, nanging luwih dening pangangkah bisowa urun bawarasa kanggo marisake Kawruh Kejawen, Mangga para kadang kersowa mbawarasa sing kepenak. Cocok diagem, dene kurang sarujuk ya dilalekake bae.

Ana ing tulisanku bab "Wahyu Dyatmika", tak aturakebab wirid 8 (wolung pangkat) sing (manut panemuku)dadi dhasar kanggo mangerteni teologi Jawa.
Ing andaranku tak aturake menawa Ingsun (Pangeran, Gusti) iku derivate Hyang Agung (Sang Hyang Wenang) sing "tan kena kinayangapa. Ingsun iku "Dzat Urip" utawa "Sejatining Urip" katelah ing panekunan sinebut "Sukma Sejati".

Anane "Sukma Sejati" kang mapan manggon ana ing "uripemanungsa" (tak aturi mirsani wirid no. 2 lan no. 3),
mahanani manungsa iku setemene duwe cipta lan rasa sejati. Cipta sejati katerangake ana ing wejangan bab "Purbawasesaning Pangeran (Sukma Sejati) marang ciptane (nalare) manungsa" (wirid no. 4).
Dene rasa sejati katerangake ana ing wejangan "PurbawasesaningPangeran (Sukma Sejati) marang rasa pangrasane manungsa" (wirid nomer 5).
Wejangan werna loro iku nerangake menawa anane manungsa bisa duwe nalar lan duwe rasa pangrasa jalaran saka purbawasesaning Gusti (Pangeran, Sukma Sejati). Nanging yen mung tekan semono pangertene, banjur tuwuhpitakonan, kepriye larah-larahe ana nalar lan rasa pangrasa sing cengkah karo bebener (ala utawa jahat) ?Apa ya saka Sukma Sejati (Ingsun, Pangeran) ? Lha ya ing bab iki sing nganti saiki isih umyekdigagas dening para filsuf lan ahli pikir sajagad.
Menawa saka pangerten agama-agama sing saka Timur Tengah (Yahudi, Kristen, lan Islam), umume menawa nalar lan rasa pangrasa ala (jahat) iku saka daya pengaruhe setan lan iblis. Mangka manut pangerten Jawa sing sabenere ora ana diskripsi bab setan lan iblis iku. Malah diskripsine, menawa sakabehing titah dumadi (mahluk) iku sedulure manungsa. Dadi yen ana mahluksetan utawa iblis ya sedulure manungsa. Lha apa ora ngewuhake !
Mangga dibawarasa maneh wirid nomer 3, wejangan gegelaran kahananing Pangeran : "Sejating manungsa ikub rahsaning-Sun, lan Ingsun iki rahsaning manungsa, karana Ingsun anitahake wiji kang cacamboran dadi saka karsa lan panguwasaning-Sun, yaiku sasamaning geni bumi angin lan banyu. Ingsun panjingi limang prakara, yaiku :
cahya, cipta, suksma (nyawa), angen-angen, lan budi.
Iku kang minangka embanan panuksmaning-Sun sumrambah ana ing dalem badaning manungsa".
Ana ing wirid nomer 3 iki diterangake menawa badaning manungsa iku dumadi saka unsur alam sing dipanjingi "dayaning urip" (cahya, cipta, suksma, angen-angen, lan busi) minangka "embanan" panuksmaning Sukma Sejati. Emban utawa cangkok iki sing antarane manungsa siji lan sijine ora padha. Gumantung akehsithike "komposisi sasamaning anasir alam".
Watak wantu sasamaning anasir alam iku beda-beda.Semono uga sawise cacamboran (campur) dadi siji (komposisine saben manungsa ora padha) mahanani watak wantu sing uga beda-beda. Wondene watak wantu mau sing njalari bedaning cahya, cipta, suksma (nyawa), angen-angen, lan budine manungsa.
Kanthi mangkono banjur bisa dimangerteni menawa Cipta Sejati lan Rasa Sejati iku sing asli saka Dzat Urip (Suksma Sejati). Pangudi ngoperasionalake Cipta Sejati lan Rasa Sejati iku sing ditindakake para-para ahli panekunan kanthi lakubrata. Amarga ya operasionale Cipta Sejati lan Rasa Sejati iku sing njalari manungsabisa nindakake kewajibaning urip kanthi bener, pener, lan slamet.

Kewajiban iku ora liya kejaba "melu memayu hayuning bawana", sabanjure bisa nggayuh titising pati. Sing disebut titising pati iku mati sing sampurna. Sampurna bisa ngulihake kabeh gadhuhan(sesamaning unsur alam lan peparing "dayaning urip") marang sing kagungan, yaiku Hyang Agung. Dene sing wujud tinggala jeneng sing bisa tinulad dening anak turun.

Bagikan :
+
Previous
Next Post »
3 Komentar untuk "Cipta Sejati, Rasa Sejati, lan Sukma Sejati"

Rahayu
Saya Sangat gembira, merasa saya tidak sendirian berjuang mengembalikan kearifan lokal.
Membangun bumi nusantara yang berbudipekerti luhur.
Senang berkenalan dengan Pak Subianto pemilik blog ini.

Sumonggo pinarak ugi wonten gubuk kawula.

http://sabdalangit.wordpress.com

Kido sadoyo tiyang Jawi ing saindengin bawono sampun kelangan jatidirining tiyang Jawi margi kito kirang ngajeni dateng nenek moyang kito,Simbah,tiyang sepuh ngantos kito mboten gadhah piandel,IKI LHO AKU WONG JOWO,namung ela -elu kalih budoyo sansipun, monggo kito wangsul malih,BACK TO CULTURE JAVANESE, kejawen meniko kabudayan ingkang saged dados agama/religion

 
Template By Kunci Dunia
Back To Top